Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW
01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula
tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita
panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos
ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal
wonten acara punika tansah sehat wal’afiat. Salajengipun, kula aturaken sugeng
rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping 69 (
suwidak sanga).
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek
ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala
tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin
bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia
lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Para bapak ibu lan
wreda mudha ingkang satuhu kula urmati lan tresnani, ing acara tirakatan niki
mangga kula lan panjenengan sedaya niti pirsa wonten ing jaman sak niki, kula
rumaos prehatos lan kuwatos sanget bilih ing mbenjang menika kathah tiyang
ingkang mboten nginurmatan kaliyan bangsa Indonesia. Tuladhanipun cah sekolah
sing ora gelem sekolah menawi gelem kudu di tukokake sak panjalukane, ngno kuwi
sing kudu di pirsani.
Para wreda mudha sing
seneng karo bangsa liyane sampek bahasane tekan prilakune sing di tiru malah
mboten seneng lan mboten bersyukur ing Indonesia, padahalipun indonesia menika
negara ingkang subur, hawane resik, budhaya kang endah, akeh kewan-kewan lan
wit-witan sing mboten di dhuweni negara liyane, lan isih akeh liyane. Namung ngapa
akeh sing ora ngucapake syukur, mboten ngurmati negara lan para pejuang sing
ngrebut, lan mamardhikan Indonesia tansah mboten dijajah melih? Padahal para
pejuang niku menawi ngrebut bangsa Indonesia sampe nemani pati mboten wedi lan
gelem ngorbanke jiwa raga kanggo negara lan rakyat. Mangga kita sedaya bareng –
bareng ngowahi lan nresnani negara tansah ikhlas lan gelem jaga kabudayan lan
liyane.
Bapak-ibu ingkang minulya,
panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan
nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun
langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka. Bapak-ibu, sumangga kamardhikan
menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing
manah.
Wasana, cekap semanten atur kula.
Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar